Pak Dewo mung isa sangga uwang. Ora nyana-nyana dheweke nalika drijine ngolak-alik bukune Gandhy, ning kana ditemukake hasil kuliah semester iki, blas paling dhuwur ming B, kuwi we ming siji, liya-liyane C karo D. Raine Pak Dewo mundhak abang ireng nalika nyawang Gandhy malah ubeg nguthak-athik montor balape. Buku Diktat sing ning ngarepe dumadhakan diuncalake marang Gandhy.
Ghandy lan Bapakne (Seri 3)
Minggu kuwi Pak Dewo ora tindhak ning kampus kaya biyasane kae, ora Minggu, ora dina liya-liyane mesthi ning kampus. Pak Dewo klebu dosen sing sregep, disiplin lan ndhuweni dedikasi babagan pendidikan kanggo masyarakat. Kaya ngapa raine katon abang ireng menawa nyawang putra-putrane sing ora ana sing gelem nerusake impen-impene. Gandhy anake ragil sing banget-banget ditresnani malah luwih seneng melu club balap. Sak wayah-wayah melu pertandingan balap ning daerah liya, ora isa full kuliah, apa maneh ngumpul keluarga. Nanging atine ora isa ngeculke ukara sing oar becik marang anak, sanajan Pak Dewo ora sarujuk menawa Gandhy dadi pembalap,nanging isih gelem ndongakake supaya anggone mbalap isa slamet lan menang.
“Breeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeek………..”
0 Comments
Ghandy lan Bapakne (Seri 2)
Sore kuwi putra-putrine Pak Dewo dha ning omah. Pak Dewo durung kondhur saka kampus. Bu Dewo lagi nyirami tanaman. Kawit mau mung nyawang tanaman gelombang Cinta karo Rante Cinta. wah jan tanaman zaman saiki kok aneh-aneh wae.
Bu Dewo mung nggrundel nggon atine,’kepiye to le engko nek Ramamu bali, engko lak ming didhukani’ Raras mung nonton tv, Ghandy ket mau mung nguthak uthik montore, kakangne mung nggujengi biola. Apa ya dha ora mesakke karo mbokne sing lagi nyirami kembang, mbok direwangi sithik-sithik po piye, ra kethang mbedholke suket, Bocah saiki ora dong blas, wis dicontoni kae karo wong tuwane. Isa asam urat awakku nek tak rasakke banget. Wus tak serahna marang Gusti Allah wae.