Life Flowers


Ghandy lan Bapakne (Seri 5)
February 29, 2008, 9:58 am
Filed under: Serial Stories | Tags:

pesisir-baron-1.jpgpantai-selatan2.jpgRaras lan Indra wus tekan ana ing salah sawijining motel ning Pesisir Baron, pojokan kutha Jogja. Bocah loro padha ngobrol ning ngarep kamar motel. Indra durung bisa ngenut niate marang Raras. Raras kawit mau malah kerasa gerah ning kamar. Pingin mlaku-mlaku ning pesisir ngarakake panas. Mula kuwi Indra lan Raras mung ning garep motel. Raras ora bisa nggagas apa sing dikarepke Indra.

Baron di menjelang hari gelap

(more…)



Ghandy lan Bapakne (Seri 4)
February 21, 2008, 10:04 am
Filed under: Serial Stories | Tags:

Kawit Eyange Gandhi gerah dirawat ning Rumah Sakit amarga nandhang gerah nafas rong wulaan kepungkur, Bu Dewo arang kondhur ning Yogya. Mulane putra-putrane katon bebas.

Raras kang biyasane yang-yangan karo pacare sing dadi fotografer ana ing salah sijine tabloid ibukota. Nek ana Bu Dewo mung disindir-sindir wae, apamaneh nek weruh Pak Dewo, saya ning didukani. Nek nggon ngene kiyi Bu Dewo rada keras amarga anak wadon mung siji aja nganti kecolongan. Aja ngangsi dikurangajari cah lanang. Nanging Raras ki angel kandanane. Ana Bu Dewo we sakpenake dhewe, apamaneh priyantune tindhak adoh ning Semarang nunggoni Bapake (Eyange Gandhi. Aryo, karo Raras). Pak Dewo malah lagi sibuk melu proyek panaliten karo NGO saka Australia kanggo nangani rehabilitasi candi-candi sing kena gempa.

(more…)