![]()
Ghandy lan kanca-kancane siji mbaka siji tekan dalan sing ngliwati Pesisir Baron. Wus arang bus, mobil, lan kendaraan liyane sing dha parkir ning sacedhake Baron. Kanca-kancane dha getun, amarga ngapa kok ora tekan mau awan, dadi ora isa nyawang laut lan dolanan ning sacedhake. Nek wengi lak ya ora penak-penaka. Akeh-akehe kendaraan wus mandheg ning papan parkir sacedhake motel. Motel sing paling penak tur ya ora larang, paling gedhe ning sacedhake kana, ya mung motel “Angel Park”. Sakjane jeneng kuwi ora patia cocok karo papane, amarga motel kuwi ora ngatonake glamour.
0 Comments