Raras rada shock, dene gheweke isa ngalami kahanan kaya ngono, diapusi, dioyak-oyak wong lanang arep disuntik narkotika. Raine rada pucet, tekan wengi ora isa nglalekake kedadeyan mau sore. Ghandy ora wani nyalahake mbak Rarase kuwi, kuwatir menawa malah dadi stress. Ghandy ngancani Raras, turu ning njogan motel in Pesisir Baron kuwi.
“Mbak, nek Mbak Raras njaluk aku ngeterke mulih ning Yogya, aku ora isa, aku lan kanca-kancaku bar wae lomba sirkuitan, kesel Mbak awakku, wus mbengi, mbebayani munggah mudhun gunung, dedalanan ning Gunung Kidul iki, sakjane pingin nggolek tukang pijet, nanging Mbak Raras malah arep kena bebaya, aku trima ngancani Mbak Raras…” kandhane Ghandy rada nggenah marang sedulure wadon.
“Ibu piye, Dy……”
“Ora usah kuwatir, aku ra bakal crita, ning Mbak Raras tak jaluk ora mbaleni maneh…………………………”
“Matursuwun ya nDy, nek ora ana kowe, aku wis kaya krupuk diremet-remet karo Indra, nanging aku kok isih ora isa nglalekake dheke………………”
“Yo wis, saiki Mbak Raras bobok sik……………….” kandhane Ghandy karo ngelus-elus lengene Mbak-e, “Mbak aku tak ngandhani kanca-kanca dhilit wae, engko dhak dha melu ora isa seren……………”
“Aja, nDy, aku urung wani……………………………..” kandhane Raras marang adhine kanthi melas.
“Dhilit tenin, Mbak………………………….”
