Posted by: ekosuryanti | September 10, 2008

Ghandy lan Bapakne (8)

Pak Dewo rumangsa jengkel karo Raras, nek wus ngana kuwi kabeh anake lan bojone diuring-uring..

“Raras, kowe kuwi bocah apa, wus dikandhani bola-bali, nek dolan ngati-ati, dadine kaya ngana, untunge isih ana sing nulungi, menawa ora kepiye?…………………..

Mmmm, Kowe kuwi ya piye Bu, Bapak ning Semarang ki wus ana sing ngurusi, adhi-adhimu kan ngapa? Sithik-sithik telpon ning Jogja, apa sing liyane ora bisa ngurusi, Papa ki sibuk, akeh tugas ning kampus, nek ora rampung, lak ya ngisin-ngisinke kampus, kene nyambut gawe nganti nglembur-nglembur, sing digoleke dha ora beres…………..”

Ora ana sing wani njawab, menawa semaur sethithik, sandal mlayu ning awak. Pak Dewa raine mangar-mangar, Bu Dewa mung sembab, ngrasakake Bapakne sing gerah ora mari-mari, ndilalahe anak wadone malah depresi berat amarga arep dianiaya uwong. Aryo karo Ghandy mung meneng wae.

“Aryo, kowe kuwi ora tau mulih ngapa, dolan ro cah wedok po piye, lunga terus, nganti ora tau ning ngomah, lan kowe Ghandy, ning balapan motor wus cukup nggo mangan dhewe po piye, nganti ora tau ning ngomah…………..”

“Nggih mboten, Pa, Aryo akeh gaweyan, akeh bocah sing pingin sinau musik, Pa, angel Pa, nggolek kesempatan ngene kiyi, aji mumpung Pa……….” semaure Aryo.

“Aaah, papa, lha wong hadiah ya mung kula tabung, dingge masa depan, kok ya disereg, ajeng nyuwun pa pripun……………” semaure Ghandy sak tekane, “Wus tuwa kok senengane serikan ra anak-anake”

“Huzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzz……………………” Ibune ngandhani Ghandy supaya ora waton semaur engko ndhak ana sandal mlayu ning geger.

Pak Dewa mung meneng wae. Raras sing lagi depresi mung ndhesel-ndhesel Ibune, malih dadi bocah cilik.

Bu Dewa alon-alon ambegan, karo mbuwang angin saka lambene, katon arep ngomong,”Aku dhewe ya bingung Pa, tenan-tenan iki dina-dina sing abot kanggo keluargane dhewe, Bapakku ndilalahe gerah ora gelem digawa ning Jogja, Raras ora isa njaga awake dhewe, Ghandy lan Aryo ya wus adoh dolane, kudu diadhepi bareng-bareng, aku ora isa menawa Panjenengan mesti nesu-nesu nganti kaya wong ora nggenah, tenan aku ora kuat Pa,……………..ampun nyalahke tiyang sanes, Papa ya ngana, nglembur terus, nganti lali karo anak-anakke, apamaneh iki wulan Pasa, kudune dilongo ning nesu-nesu, engko dudu pahala sing Papa oleh-olehi, malah mung ngelih…………….”

Pak Dewa genti meneng suwi kae, nyawang trekahe Raras sing bali kaya cah cilik, nganti cuti kuliahe, lambene mung gumreget. …………………Ora ana sing wani nglungani papan kuwi. Kabeh meneng wae……………

**************

Lagi wae padha bebarengan maem mbengi sakwise sembahyang tarawih, ana telepon……Ghandy sing lungguh paling cedhak saka pesawat telepon, langsung nyekel gagang telpon.

“Hello, ini dari siapa ya?” kandhane Ghandy rada ra ngepenaki uwong wadon.

“Hello, apa ini rumahnya Mas Dewa Ya………………” ana suara cewek.

Ghandy lingak-linguk karo nggiliki Bapakne.”Kalau Benar kenapa?”

“Saya mau nyari Mas Dewa…..” kandhane cewek mau saya ndayu-ndayu.

“Haiya, siapa dulu nih.?” pitakone Ghandy.

“Saya fans-nya, asistennya di kampus, …………………….”

Ora nunggu suwe-suwe, gagang telpon langsung dibanting.


Leave a comment

Categories